Minggu, 17 April 2011

Supeltas Sala Pancen Elok



Aja ngemungake dununge Supeltas ing Kutha Sala. Senadyan dudu pakaryan kang gumathok kayadene pegawe negeri, swasta utawa saudagar, malah kepara wagu yeng nganti ditulis ana ing KTP. Ananging, jejere Supeltas ana ing Sala bisa dadi ciri kaendahan lan kuncaraning kutha. Malah kena diarani, duwe urun marang kahanan bisa nuwuhake Sala dadi kutha kang pantes dadi jujugan sapa wae.

Supeltas, ukara liya ing Ibu Kota kerep diarani Pak Ogah, jalaran ing kana pakartine mesthi “ogah” (suthik) tumandang yen ora nganggo diwenehi dhuwit. Biyen pancen cukup Rp 100 utawa cepek, memper solahe Pak Ogah ing film cerita boneka Si Unyil. Dene saiki, paling ora dhuwit limang atus tekan sewu rupiah kudu dirogoh kanggo gancaring lelaku menawa kudu nyabrang lurung gedhe.

Ing Sala, babar pisan seje. Pancen saiki dalan-dalan ing tengah kutha wiwit memper kutha gedhe, saya reja lan kalamangsa nganggo macet. Ing kono, saben prapatan utawa simpangan dalan kerep dijaga Supeltas, singkatan saka Sukarelawan Pengatur Lalu Lintas. Jenenge wae sukarelawan, mula ya ora ana sing mblanja lan ngopahi.

Nanging, kena diarani ora ana Supeltas ing Sala sing ndremis ngathung, apa maneh meksa njaluk dhuwit marang sopir sing nggunakake jasane. Ana ciri kang banget gawe gumun. Senadyan panas, udan, ulate Supeltas Sala racak tetep sumeh, carane ngatur lalu lintas uga prigel lan ora ninggal kasusilan. Kabeh dilayani kanthi ora mbedakake. Dene yen ana sing ngulungake dhuwit, ditampani linambaran atur panuwun.

Ana ciri maneh, Supeltas Sala ora mung gaco nyandhang. Nanging padha gelem nganggo sandangan kang gampang dingerteni sapa wae menawa kuwi petugas pengatur lalu lintas. Sak liyane nganggo rompi Supeltas, uga padha macak nganggo manset lalu lintas, malah ora setithik pada nganggo helm utawa sepatu lars kang regane ora murah. Ora ketang mbok menawa ya mung barang lungsuran.

Kancaku wartawan Andi Wiratno, durung suwe wingi wawancara karo Rahmat Kartolo, tuwangganing Paguyuban Supeltas ing kutha Sala. Jebles karo pamawasku, pancen Supeltas ing Sala duwe paugeran utawa “kode etik” lima S yaiku: Salam, Sopan, Santun, Supel lan Sabar. “Abot kaya ngapa, kabeh kuwi kudu dilakoni adhedasar lima S kuwi mau,” ujare priya kang wis patang tahun madeg Supeltas iku. (Joglosemar 16/4).

Rasane trenyuh lan mongkog, dene para Supeltas iku genah dudu pawongan sugih utawa para sarjana sujaning budi. Ananging kaya memper dadi duta kuncaraning kutha. Sapa wae kang lagi ngerti Sala, bisa weruh menawa Sala pancen kutha kang endah, ora mung wujud wewangunan, nanging uga pakartine warga.

Aku dadi duwe pengarep-arep, muga-muga Pak Walikota Jokowi bisa kalamangsa kersa paring kawigatosan marang para Supeltas kang ora setithik sumbangane marang kutha Sala. Dene sapa wae kang rumangsa kerep nggunakake jasane Supeltas, ayo aja suthik weweh. Aja nganti para Supeltas kapiran, banjur salin slaga dadi Pak Ogah kaya ing kutha liya.